Rabu, 21 April 2010

Konyol K O T B A H

Saben dino umur kito disudo, Mati kuwi ra Nom ra Tuwo. Ngertio
Malaikat podo Plirak-Plirik nggoleki Wong sing kakehan doso (Kejobo
WONG KONYOL disayang banget karo Malaikat,sebab ora duwe doso he he
he). Mulo kuwi podo siap-siap lan sing sregep nggone ndungo marang
Gusti, ojo mung ngomong Bubur abang nyimpang,Bubur putih nyisih (iki
biasane dungone wong sing korupsi).
Eling-elingo kotbahe Konyol, kito kabeh bakale lungo,ojo podo
sembrono,ojo sak penak udele nganggo,nyolong duwite Negoro. Yen
kepingin dadi WONG APIK (koyok WONG KONYOL),ayo bareng-bareng nindakno
Printahe Agomo.
Tinggalno sing jengene MO LIMO, lan ojo mung ngurusi Bondo donyo,
Sregep po anggone ngibadah lan sosialo.
Ben sukben yen wis titiwancine ngadep sing Moho Kuoso, saget nderek
mlebet ning Suargo.
Pesenku wae yen saget mlebet ning Suargo, ojo lali HP lan LAP TOP e
digowo,ben isih iso facebookan lan sms san karo konco-konco sing isih
ning ndonyo (ha ha ha opo iso yo).
Renungan KONYOL iki tulung di gatekno, wis saiki urip ning ndonyo ra
sah neko-neko lan ra sah nggolek perkoro,luwih becik urip sak
Madyo,anduweni tepo sliro karo konco-konco.
Cekap semanten piatur kulo,sae lan mboten penjenengan sedoyo ingkang
maos ugi nggatekno, mugi-mugi kito sedoyo saget nglampahi ajaripun
Gusti,lan dungo kulo, kito sedoyo sageto mlebet dumugi Suargo,
matursembahnuwun.
Berkah Dalem.

Salam KONYOL

Dari Mbahnyol.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar